Belajar Basa Jawa

 Akeh bocah saiki sing ora paham unggah - ungguh basa, tuladhane yen lagi rembugan marang wong sing yuswane luwih tuwa ora bisa minggunakake basa krama, nanging ngoko kaya yen lagi rembugan karo kanca sing sak umuran.

Kudune yen rembugan karo wong sing umure luwih tuwa iku minggunakake basa krama, apa maneh yen rembugan kara bapak utawa ibu guru kudu nganggo basa krama inggil.

Lan maneh akeh wong sing isih durung bisa ngetrepake unggah - ungguh basa kanti bener, tuladhane awake dewe dibasakake "Dalem"  kudune kula, lan liya - liyane.

Komentar

Posting Komentar