Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2021

Teks Narasi

 Pelajaran kelas kelas 5, Bab Teks Narasi. Teks narasi yaiku Teks/Crita/paragrap kang nyritakake kedadeyan/prastawa kanti wektu kang runtut, saka wiwitan nganti pungkasan, sapa wae sing maca kedadeyan iki kaya dene nglakoni dewe kedadeyan iki. Ciri -cirine Teks narasi : 1. Isine ngenani kedadeyan utawa prastawa 2. Olehe nyritakake kanti runtut lan jelas 3.  Anane paraga 4.  Nyritakake kedadeyan ing sawijine panggonan Strukture Teks narasi : Crita narasi dumadi saka 3 perangan yaiku : 1. Orentasi (ngenalake paraga, wektu, ln panggonan ) 2. Komplikasi (perangan mulai awal nganti pungkasan) 3. Resolusi ( carane ngudari reribet/masalah,  jroning kedadeyan ) Coba sakiki golekana bedane : 1. Teks Narasi 2. Teks Deskripsi 3. Teks Eksposisi 4. Teks Argumentasi 5. Teks Persuasi By : Budi Prayitno MIN 6 Blitar

Belajar Basa Jawa

 Akeh bocah saiki sing ora paham unggah - ungguh basa, tuladhane yen lagi rembugan marang wong sing yuswane luwih tuwa ora bisa minggunakake basa krama, nanging ngoko kaya yen lagi rembugan karo kanca sing sak umuran. Kudune yen rembugan karo wong sing umure luwih tuwa iku minggunakake basa krama, apa maneh yen rembugan kara bapak utawa ibu guru kudu nganggo basa krama inggil. Lan maneh akeh wong sing isih durung bisa ngetrepake unggah - ungguh basa kanti bener, tuladhane awake dewe dibasakake "Dalem"  kudune kula, lan liya - liyane.